Idul Adha 2023
Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa yang Mengharukan, Mengandung Pesan Moral dan Pelajaran Hidup
Berikut ini contoh teks khutbah Idul Adha 2023 yang mengharukan dan menyentuh hati.
Penulis: Amilia Lusintha | Editor: Amilia Lusintha
TRIBUNKALTIM.CO - Berikut ini contoh teks khutbah Idul Adha 2023 yang mengharukan dan menyentuh hati.
Termasuk teks khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa mengandung pesan moral dan pelajaran hidup.
Idul Adha merupakan momen besar umat Islam yaitu memperingati peristiwa kurban. Dimana Nabi Ibrahim mengurbankan putranya, Nabi Ismail sebagai bentuk ketakwaannya kepada Allah SWT.
Diketahui, Idul Adha 2023 telah ditetapkan jatuh pada 29 Juni sebagaimana hasil Sidang Isbat pada Minggu (18/6/202).
Saat hari raya Idul Adha, umat muslim disunahkan untuk melaksanakan salat Idul Adha.
Kemudian, setelahnya, umat muslim akan mendengarkan serta menyimak khutbah Idul Adha singkat.
Untuk itu, kami siapkan contoh naskah atau teks khutbah Idul Adha.
Adapun naskah yang tersedia pada artikel ini edisi teks khutbah Idul Adha 2023 dalam Bahasa Jawa.
Baca juga: 25 Contoh Puisi Idul Adha 3 Bait Terbaru 2023, Ada Tema Hari Raya Kurban Menyentuh Hati
Teks Khutbah Idul Adha 2023
اَللهُ أَكْبَرْ (3×) اَللهُ أَكْبَرْ (3×) اَللهُ أَكْبَرْ (3×) اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيرًا وَاْلحَمْدُ لِلهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَ أَصِيْلاً، لآ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ وَللهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ. اللهُ اَكْبَرْ (3×) اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم}، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ. فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ. إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ .صَدَقَ اللّٰهُ الْعَظِيمْ
Kaum Muslimîn dan Muslimat Rahimakumullah, ing ndalem suasana bebungah ngrayakaken dinten riyadin ‘Idul Adha, kito sami wangsul kempal sareng-sareng ing papan meniko melantunkan takbir lan tahmid dados ungkapan raos syukur soho matur nuwun kito wonten ngarso dalem Allah SWT, kito ngagungaken lan muji asma Allah, pengeran ingkang Moho Agung lagi Moho pengasih lan Moho Penyayang.
اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
Kelawan menghayati kalimat takbir lan tahmid meniko, kito sedoyo ngraosaken bilih kito niki alit, kerdil lan lemah sanget dados manungso naliko ningali kebesaran soho kekuasaanipun Allah SWT.
Mila ing kesempatan meniko sumonggo kito tingkataken taqwa lan ketaatan kito dhateng Allah ta’ala kaliyan senantiasa ngelampahi perintah-ipun, soho nilaraken sedoyo larangan-ipun.
Mekaten ugi, sedoyo arogansi kesombongan, kepongahan, ketakaburran, jabatan, kedudukan lan banda, sumonggo kito sisihaken, amargi sedoyonipun semu mboten abadi, sami kaliyan kefanaَan semesta alam meniko.
Kaum muslimîn lan muslimat rahimakumullah, dinten meniko kito ngemut-emut peristiwa sejarah ingkang agung nglibataken kalih tiyang Rasulallah ingkang tetep dikenang sepanjang jaman.
Kala Nabi Ismail a.s sampun umur remaja, sang bapa, inggih meniko Nabi Ibrahim a.s, angsal perintah langsung saking Allah lewat mimpi bilih piyambakipun kedah mengurbankan Ismail putro kesayanganipun.
Tamtu, wonten konflik batin ingkang bergejolak ing dhiri Nabi Ibrahim antawis katresnan dhateng putro lan ketaatan ngelampahi perintah Allah SWT.
Nanging, tresnanipun dhateng Allah langkung ageng tinimbang tresnanipun dhateng putro, garwo, bondo lan materi donyo sanesipun.
Kangge nglampahaken perintah Allah, Nabi Ibrahim a.s ngajak putronipun musyawarah dados wujud komunikasi antawis sang bapa kaliyan putro.
Hal meniko dalam rangka mbina ikatan batin welas asih, ketaatan lan kepatuhan. Dialog meniko dipun serat dhateng Al Qur’an kelawan tembung ingkang indah sanget:
يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ
“Hai anakku sabenere aku weruh jero ngimpi menawa aku menyembelihmu. Mula fikirkanlah apa pendapatmu!”
“wahai lare kandungipun kulo, sibiran balung cahaya mripat lan buah pamanah kulo! Saestunipun bapa sumerep lebet supena menawi kulo badhe menyembelihipun sampeyan. mila pamanahaken lah menopo ingkang badhe dados keputusanmu”.
Ismail dados lare ingkang soleh, patuh lan taat dhateng tiyang sepuh ingkang sampun ngedalaken lan ngerumat piyambaipun, mangsuli:
يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
“Wahai Bapaku, estokaken menopo ingkang sampun Allah perintah dhateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal ningali piyambak bilih kulo termasuk golongan tiyang-tiyang kang sabar.” (QS. Ash Shoffat: 102)
Lebeting peristiwa ingkang mengharukan sanget lan ing detik-detik ingkang dramatis meniko, ndadak Allah nebus Ismail kaliyan setunggal mendo ageng ingkang dipunbekta dening malaikat:
وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ
“Lan kito tebus dheweke yaiku Ismail karo siji sembelihan kang gedhe”. (QS. Ash Shoffat: 107)
Kaum muslimîn lan muslimat rahimakumullah, menurut naluri lan pikiran tiyang lumrah, menopo ingkang dipun-gelar Nabi Ibrahim as. ing lebeting panggung sejarah manungso inggih meniko perkawis ingkang susah sanget dipuntampi; ananging kagem keluwargo Nabi Ibrahim as. hal meniko termasuk setunggaling kewajiban kangge dipunlampahaken.
Sikap kados meniko lah ingkang nunjuk-aken jati dhiri Nabi Ibrahim as. sehinggo dianugerahi dening Allah dados al Khalil, Imam, teladan lan idola.
Kehormatan kasebat mboten mungkin dipun-gayuh tanpo dipundampingi dening garwo ingkang salihah lan putro ingkang saleh.
اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
Kaum muslimin muslimat, rahimakumullah, qurban disyariatkan kangge ngemutaken manungso bilih jalan tumuju kebahagiaan mbetahaken pengobanan lan keikhlasan.
Sifat-sifat kebinatangan ingkang sering nguasai badan kito kedah ditunduk-aken soho dipunbucal tebih-tebih.
Hikmah meniko lah ingkang dipunwucal lebeting berqurban, kados lebet Firman Allaَh SWT. QS. al-Hajj 37:
لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ ۚ كَذَٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَاكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ
“Daging-daging unto lan getihe iku sapisan-pisan ora biso nggayuh (keridhaan) Allah, nanging ketakwaan soko dhewekelah kang biso nggayuh.
Mengkonolah Allah wis nundukno kanggo siro supoyo siro ngagungke Allah karo hidayah-e marang siro. Lan wenehono kabar seneng marang wong-wong kang tumindak apik.” (QS. al-Hajj: 37)
Hadirin hadirat rahimakumullah, mugi-mugi, kito sami saged mendhet wucalan saking peristiwa Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ‘alaihimasalam soho dipunparingi kemampuan kangge saged nglampahaken kurban ing warsa meniko utawi ing tahun-tahun salajengipun. Amiin. (*)
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.