Idul Adha 2023
Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa yang Mengharukan, Mengandung Pesan Moral dan Pelajaran Hidup
Berikut ini contoh teks khutbah Idul Adha 2023 yang mengharukan dan menyentuh hati.
Penulis: Amilia Lusintha | Editor: Amilia Lusintha
Mila ing kesempatan meniko sumonggo kito tingkataken taqwa lan ketaatan kito dhateng Allah ta’ala kaliyan senantiasa ngelampahi perintah-ipun, soho nilaraken sedoyo larangan-ipun.
Mekaten ugi, sedoyo arogansi kesombongan, kepongahan, ketakaburran, jabatan, kedudukan lan banda, sumonggo kito sisihaken, amargi sedoyonipun semu mboten abadi, sami kaliyan kefanaَan semesta alam meniko.
Kaum muslimîn lan muslimat rahimakumullah, dinten meniko kito ngemut-emut peristiwa sejarah ingkang agung nglibataken kalih tiyang Rasulallah ingkang tetep dikenang sepanjang jaman.
Kala Nabi Ismail a.s sampun umur remaja, sang bapa, inggih meniko Nabi Ibrahim a.s, angsal perintah langsung saking Allah lewat mimpi bilih piyambakipun kedah mengurbankan Ismail putro kesayanganipun.
Tamtu, wonten konflik batin ingkang bergejolak ing dhiri Nabi Ibrahim antawis katresnan dhateng putro lan ketaatan ngelampahi perintah Allah SWT.
Nanging, tresnanipun dhateng Allah langkung ageng tinimbang tresnanipun dhateng putro, garwo, bondo lan materi donyo sanesipun.
Kangge nglampahaken perintah Allah, Nabi Ibrahim a.s ngajak putronipun musyawarah dados wujud komunikasi antawis sang bapa kaliyan putro.
Hal meniko dalam rangka mbina ikatan batin welas asih, ketaatan lan kepatuhan. Dialog meniko dipun serat dhateng Al Qur’an kelawan tembung ingkang indah sanget:
يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ
“Hai anakku sabenere aku weruh jero ngimpi menawa aku menyembelihmu. Mula fikirkanlah apa pendapatmu!”
“wahai lare kandungipun kulo, sibiran balung cahaya mripat lan buah pamanah kulo! Saestunipun bapa sumerep lebet supena menawi kulo badhe menyembelihipun sampeyan. mila pamanahaken lah menopo ingkang badhe dados keputusanmu”.
Ismail dados lare ingkang soleh, patuh lan taat dhateng tiyang sepuh ingkang sampun ngedalaken lan ngerumat piyambaipun, mangsuli:
يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
“Wahai Bapaku, estokaken menopo ingkang sampun Allah perintah dhateng panjenengan. Insya Allah, panjenengan bakal ningali piyambak bilih kulo termasuk golongan tiyang-tiyang kang sabar.” (QS. Ash Shoffat: 102)
Lebeting peristiwa ingkang mengharukan sanget lan ing detik-detik ingkang dramatis meniko, ndadak Allah nebus Ismail kaliyan setunggal mendo ageng ingkang dipunbekta dening malaikat:
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.