Idul Adha 2023

Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa yang Mengharukan, Mengandung Pesan Moral dan Pelajaran Hidup

Berikut ini contoh teks khutbah Idul Adha 2023 yang mengharukan dan menyentuh hati.

Penulis: Amilia Lusintha | Editor: Amilia Lusintha
Grafis TribunKaltim.co
Berikut ini contoh teks khutbah Idul Adha 2023 yang mengharukan dan menyentuh hati. 

وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ

“Lan kito tebus dheweke yaiku Ismail karo siji sembelihan kang gedhe”. (QS. Ash Shoffat: 107)

Kaum muslimîn lan muslimat rahimakumullah, menurut naluri lan pikiran tiyang lumrah, menopo ingkang dipun-gelar Nabi Ibrahim as. ing lebeting panggung sejarah manungso inggih meniko perkawis ingkang susah sanget dipuntampi; ananging kagem keluwargo Nabi Ibrahim as. hal meniko termasuk setunggaling kewajiban kangge dipunlampahaken.

Sikap kados meniko lah ingkang nunjuk-aken jati dhiri Nabi Ibrahim as. sehinggo dianugerahi dening Allah dados al Khalil, Imam, teladan lan idola.

Kehormatan kasebat mboten mungkin dipun-gayuh tanpo dipundampingi dening garwo ingkang salihah lan putro ingkang saleh.

اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ

Kaum muslimin muslimat, rahimakumullah, qurban disyariatkan kangge ngemutaken manungso bilih jalan tumuju kebahagiaan mbetahaken pengobanan lan keikhlasan.

Sifat-sifat kebinatangan ingkang sering nguasai badan kito kedah ditunduk-aken soho dipunbucal tebih-tebih.

Hikmah meniko lah ingkang dipunwucal lebeting berqurban, kados lebet Firman Allaَh SWT. QS. al-Hajj 37:

لَنْ يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ ۚ كَذَٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَاكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِينَ

“Daging-daging unto lan getihe iku sapisan-pisan ora biso nggayuh (keridhaan) Allah, nanging ketakwaan soko dhewekelah kang biso nggayuh.

Mengkonolah Allah wis nundukno kanggo siro supoyo siro ngagungke Allah karo hidayah-e marang siro. Lan wenehono kabar seneng marang wong-wong kang tumindak apik.” (QS. al-Hajj: 37)

Hadirin hadirat rahimakumullah, mugi-mugi, kito sami saged mendhet wucalan saking peristiwa Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ‘alaihimasalam soho dipunparingi kemampuan kangge saged nglampahaken kurban ing warsa meniko utawi ing tahun-tahun salajengipun. Amiin. (*)

Sumber: Tribun Kaltim
Berita Terkait
  • Ikuti kami di
    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved